About

Minggu, 24 November 2013

Bahasa Jawa


Pengalaman Lucu


Nyritake pengalaman kuwi bakune sing diajak crita mudeng karo apa kang dicritake. menawa ceritane lucu melu nguyu menawa critane trenyuh yo melu sedih. Supaya mudengake crita kudu runtut lan mbabarake kedadean kanthi apa anane, tujuane wong liya kang ngrukokake bisa melu mbayangake kedadean kang wis kelakon ana ing critane mau.
Crita lucu isa kedadean saka nyekseni kedadean utawa angen-angen. lucu isa uga amarga gawe guyu utawa gawe gela. lucu amarga saka bodone, ketula-tula utawa tumindake kang ndadekake guyu.
Manut teori superioritas-degradasi, wong rumangsa seneng lucu yen diunggulake nanging ora jumbuh karo kasunyatane
Manut teori bisosiasi, tegese wong rumangsa lucu sakwise ngrumangsani ora gathuk antarane angen-angen karo kasunyatan
Nyritakake pengalaman kudu nduweni unsurr-unsur kaya
ü  pengalaman apa kang bakal dicritake
ü  wektu kedadean
ü  papan panggonan kedadean pengalaman iku
ü  wong-wong kang melu andil ana ing pengalaman
ü  sebab-sebab pengalaman iku kedadean
ü  kepriye pengalaman iku kedadean
Pengalaman kang kucu ora padha karo dhagelaan. Yen pengalaamaan kang lucu iku dialami tenan dening paragaane, tuladhane nganggo klambi kuwalik, nganggo sepatu selen lan sapanunggalaane, Dene dhagelan kuwi di karang, digawe skenario banjur dilaakokake. Tuladhane dhagelan kang disiaarake ing televisi yaiku Opera Van Java.








Tuladha cerita pengalaman lucu
Sedulur-sedulur kabeh dong ganu nek bali sekolah sering diinterogasi wong tuwane apa ora? Biyunge nyong ganu sih sregep banget gole takon. Durung madang durung salin klambi, wong nembe gutul ngumah sekang sekolahan, biyunge nyong wis takon-takon.
bijiDitakoni soal neng sekolah nakal karo kanca apa ora? Kurang ajar karo guru apa ora? Ngrikiti alias nyakoti meja karo bangku apa ora?Trus nek bar ana ulangan, aku bisa apa ora?

Nah, omong-omong soal ulangan. Sing paling gawe getar-getir wong tuwa kan soal biji. Ning ket ganu alhamdulillah-e aku kelebu bocah sing lumangyan neng sekolahan. Lumangyan nakal ya lumangyan pinter. Hehehehehe…
Jaman kuliyah, nyong duwe pengalaman lucu. Nyong duwe kanca asal kebumen tapi ngomonge kaya wong banyumasan (soale ana wong kebumen sing pancen daerahe omongane wis nganggo dialek kulon). Bocahe dadi cedek karo aku gara-gara anggere ngomong padha kemlontange.
Sawijining dina, bar ana test neng kampus, kancaku kuwe mau arep takon karo dosen soal hasil test. Masalahe kabeh wis diumumna bijine, kecuali kancaku kae mau.
Nah, dasare bocahe sekepenake dewek, pas takon lambene kepaduk-paduk. Bahasa Indonesiane dadi kaya kluban, campur karo basa jawa.
“Bu… Bu… Biji saya berapa???”
Kudune nek nganggo basa Indonesia kan “Bu.. Bu… nilai saya berapa??”. Huahahahahahahaha…. Gara-gara kuwe kanca-kanca sekelas pada semaur : “Dua… dua!!!!!”. Hahahahahaha

1 komentar: